1.  Bathara Brahma nurunake raja-raja ing arcapada
Bathara Brahma utawa Sanghyang Brahma iku putrane Sanghyang Manikmaya kang nomer loro. Bhatara Brahma lair saka prameswari Dewi Umayi.
Bathara Brahma uga sinebut Bathara Brama. Dene tembung brahma iku ateges geni, panas, pandhita lan saka sabranging samodra.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Brahma duwe sisihan telu, yaiku Dewi Suci, Dewi Sarasyati lan Dewi Rarasyati utawa Dewi Raraswati.
Saka Dewi Suci, Sanghyang Brahma peputra loro, yaiku Bathara Maricibrama lan Bathara Naradabrama. Saka Dewi Sarasyati peputra cacah lima, yaiku Bathara Bramanasa, Bathara Bramasadewa, Bathara Bramanasadara, Bathara Bramarakanda lan Bathara Bramanaresi.
Lan saka Dewi Rarasyati, Bathara Brahma peputra cacah patbelas, yaiku Dewi Bramani, Dewi Bramanisri, Bathara Bramaniskala, Bathara Bramanayara, Dewi Bramanasita, Dewi Bramaniyari, Dewi Bramaniyodi, Bathara Bramanayana, Bathara Bramaniyata, Bathara Bramanasatama, Dewi Bramanayekti, Dewi Bramaniyuta, Dewi Dresanala lan Dewi Dresawati.
Kanthi mangkono, saka sisihan cacah telu iku Bathara Brahma peputra cacah selikur, patbelas lanang lan pitu wadon. Bathara Brahma iku dewaning geni. Yen katemben triwikrama, Bathara Brahma bisa ngatonake perbawa geni.
Bathara Brahma kerep diutus supaya paring bebana marang sapa wae kang nuduhake lan ngatonake labuh labet ing urip lan panguripane.
Saka putrane kang aran Bathara Brahmanaraja kang palakrama kalawan Dewi Srihuna, putrane putri Dewi Wisnu, nurunake raja-raja ing Arcapada, antarane nurunake Pariknan nganti tekan para Pandhawa.
Putrane putri Bathara Brahma kang aran Dewi Bramanisri kang dipasrahake marang Garuda Brihawan, putrane Dewi Winata, sabanjure nurunake Bribrahma.
Bribrahma nurunake Resi Winata. Resi Winata nurunake Kiswabriswa lan Kiswabriswa nurunake Briswawa. Briswawa peputra cacah papat kang kabeh awujud manuk garudha, yaiku Garudha Harna, Garudha Briawan, Garudha Sampati lan Garudha Jatayu.
Dewi Brahmaniyuta utawa Bramaniyuta palakrama kalawan Srinanda, putrane Sanghyang Wisnu. Srinanda banjur jumeneng nata ing nagara Wirata lan jejuluk Prabu Basurata. Kanthi mangkono, Dewi Brahmaniyuta iku kang nurunake raja-raja ing nagara Wirata.Manggalayuda Putrane putri Sanghyang Brahma kang aran Dewi Dresanala palakrama kalawan Arjuna, putrane Pandhu, lan nurunake Bambang Wisanggeni. Saka kanyatan iki cetha yen Bathara Brahma mujudake dewa kang anak turune nyebar ing Arcapada, wiwit nagara Lokapala, Maespati, Alengka, Wirata lan Astina.
Dene Dewi Bramani utawa Dewi Bremani kang dipasrahake marang Prabu Banjaranjali, raja ing Alengka, sabanjure nurunake para raseksa nganti tekan Rahwana utawa Prabu Dasamuka.
Amarga putrane Bathara Brahma akeh cacahe, wusanane dumadi sesambungan antarane siji lan sijine saengga saprotelon wayang tansah ana gandheng cenenge kalawan anak turune Sanghyang Brahma.
Bathara Brahma uga antuk hak dipuja dening manungsa kang nganut agama Hindu Brahma. Nalika diprentahake mudhun ing Arcapada utawa ngejawantah, Bathara Brahma jejuluk Maharaja Sunda utawa Rajapati kang ngedhaton ing nagara Medhanggili.
Bathara Brahma dibiyantu patih aran Resi Dyasta lan Resi Kulamba utawa Resi Kusyamba. Kalorone putrane Bathara Citragotra.
Watake Bathara Brahma iku sawijining manggalayuda perang kang pinunjul. Amarga iku dheweke antuk kalungguhan minangka senapati prajurit Suralaya utawa Kadewatan. Dene wandane Bathara Brahma yaiku Kontap.
Ing lakon Kangsa Lena, Bathara Brahma paring kanugrahan pusaka awujud tombak geni aran Nenggala lan Alugara marang Raden Kakrasana utawa Prabu Baladewa.
Peparing kanugrahan pusaka kasebut amarga Kakrasana wus nuduhake labuh labet marang para dewa saengga sinebut Baladewa.  Labuh labete Kakrasana marang para dewa iku nalika kedadeyan raja raseksa saka Renggabumi, kang aran Prabu Nagaprasanta, ngrabasa kayangan.

  1.  Bathara Ghana, dewane ngelmu kang ngreksa panti pustaka kayangan
Bathara Ghana utawa Ganesa iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma Parwati. Bathara Ghana arupa gajah raseksa. Nalika Sanghyang Manikmaya mbangun tapa utawa mesubrata, tapane cabar amarga dipanah dening Bathara Kamajaya nggunakake panah kembang Pancawisaya, panah pralambang asmara.
Bathara Guru banjur bali menyang kayangane. Sanghyang Manikmaya mbangun tapa amarga prihatin mikirake Suralaya kang ana ing bebaya amarga dirabasa dening raja raseksa jejuluk Prabu Nilarudraka saka nagara Glugutinatar. Sedyane Nilarudraka kepengin nglamar widadari Suralaya, Dewi Gagarmayang.

Sejatine wus akeh dewa lan pehak liya kang aweh pepeling lan pituduh marang Nilarudraka, ananging dheweke tetep ora gelem murungake sedyane nglamar Dewi Gagarmayang. Dheweke terus ngrabasa, ngrusak lan gawe dredah ing Suralaya nganti pepenginane bisa kasembadan.
Sanghyang Manikmaya banjur mbangun tapa supaya bisa peputra maneh, putra kang nimpuna babagan aweh wewulang. Nalika ngrabasa Suralaya, Prabu Nilarudraka ngepyakake kabeh wadya balane kang numpak gajah.
Kanggo nandhingi, Bathara Guru mrentahake para senapati perang kadewatan supaya mbangun kekuwatan kanthi wadyabala kang uga numpak gajah. Sawise kabeh sumadya, Bathara Guru sedya nitipriksa barisane wadyabala Suralaya kang numpak gajah sing ditindhihi dening Bathara Indra lan Dewi Uma.
Bathara Indra nyaket marang Bathara Guru lan prameswarine kanthi numpak gajah Erawana. Bathara Indra siyaga nampa dhawuh pungkasan saka Sanghyang Manikmaya. Erawana iku gajah kang beda dhewe wujud lan rupane, sarta duwe perbawa kang nggegirisi lan medeni tumrap sapa wae kang mindeng.
Dewi Uma dhewe sawise weruh wujude gajah Erawana dadi keweden lan mlayu lumebu ing Panariwawarna. Nalika iku Dewi Uma nembe ngandhut jabang bayi. Dayane rasa kaweden iku kawujud nalika nglairake jabang bayi. Jabang bayi kang lair saka guwa garbane pranyata bayi kang praupane awujud gajah. Bayi kasebut banjur dijenengi Ganesa.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Ganesa sabanjure digawa menyang glanggang paprangan lan diadhepake marang Prabu Nilarudraka.
Pranyata Ganesa kasil merjaya lan nyirnakake raja Glugutinatar kasebut. Ewadene wadyabalane bisa ditumpes dening barisan prajurit kadewatan numpak gajah kang ditindhihi dening Bathara Indra minangka senapati perang.
Crita mangkono iku diandharake ing Purwacarita kang njupuk saka Serat Smaradahana anggitane Empu Dharmaja. Sajrone uripe, Bathara Ganesa duwe jejibahan aweh wewulang sakehing ngelmu marang umat Tribuwana.
Pawadan iku, Bathara Ganesha pinundhi-pundhi minangka pralambang sumber sakabehing ngelmu. Bathara Ganesa mujudake dewane ngelmu. Sawise kasil numpes Prabu Nilarudraka, negara Glugutinatar diparingake marang Bathara Ghana.
Sawijining dina Bathara Ghana mbangun tapa kang salah siji panjaluke supaya dheweke diruwat murih praupane dadi bagus. Upayane Bathara Ghana kasil sawise dheweke bisa nyirnakake mungsuhe dewa yaiku raja raseksa Gilingaya, Prabu Kala Iramba.
Saka titahe Bathara Guru, Bathara Ghana malih dadi dewa kang bagus praupane lan banjur diparingi asma Bathara Mahadewa. Dheweke antuk kuwajiban njaga panti pustaka kayangan. Lan amarga kapinterane, Bathara Mahadewa sinengkakake minangka dewane ngelmu. Sedulure Bathara Ghana kang lair tunggal ibu yaiku Bathara Cakra lan Bathara Asmara.
  
  2.  Bathara Bayu duwe siswa pitu ing arcapada
Bathara Bayu kang uga kondhang sinebut Sanghyang Pawana iku putrane Sanghyang Manikmaya utawa Bathara Guru lan Dewi Umayi kang nomer papat.
Tembung pawana ateges angin, dene tembung bayu ateges kekuwatan utawa angin. Bathara Bayu dumunung ing kayangan Panglawung. Sisihane asma Dewi Sumi, putrane Bathara Soma.
Bathara Bayu lan Dewi Sumi miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, peputra Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sadarma lan Bathara Bismakara. Prabu Drupada raja nagara Pancala lan Resi Drona turun temurun mujudake keturunane Sanghyang Bayu.
Saliyane putra cacah papat asil palakrama kalawan Dewi Sumi, Bathara Bayu uga duwe siswa cacah pitu kang wus dianggep kaya putrane dhewe. Siswa pitu iku kondhang sinebut Bayu Pitu.
Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Hargana SW lan Muh Pamungkas Prasetyo Bayu Aji, weton Cendrawasih, siswane Bathara Bayu kang cacah pitu iku yaiku Gajah Setubanda, Macan Palguna, Naga Kanetra, raseksa Bismuka, Gunung Maenaka lan Garuda Kagapati.
Naga Kanetra njilma marang Arya Bima utawa Werkudara, raseksa Bismuka njilma marang Ditya Jajagwreka lan Garuda Kagapati njilma marang Anoman.
Ing jagad pedhalangan kang kondhang mung Bayu Lima, yaiku Bayu Kinara (Anoman), Bayu Anras (Ditya Jajagwreka), Bayu Kanetra (Gajah Setubanda), Bayu Langgeng (Gunung Maenaka) lan Bayu Mangkurat (Arya Werkudara).
Bathara Bayu nate tumurun ing arcapada utawa bumi lan dadi raja ing nagara Medhanggora, jejuluk Sri Maharaja Bhoma. Nalika ngejawantah sepisanan nuhoni prentahe Bathara Nihoya, Sanghyang Bayu sinebut Arya Suksena. Sawise nglenggahi dampar keprabon ing krajan Medhanggora jejuluk Maharaja Bhoma, dene patihe asma Arya Bhana.
Bathara Bayu uga nate antuk jejibahan paring bebana marang Raden Bratasena utawa Werkudara lan Raden Anoman. Nalika iku Werkudara lan Anoman nembe lair utawa ngadhepi lair ing alam donya.
Nalika iku, Dewi Anjani (ibune Anoman) nembe tapa kungkum utawa tapa matirta ing sanjerone tlaga Madirda. Wektu tapane Dewi Anjani mbarengi plesirane Bathara Guru kang nitih lembu Andhini.
Nalika tumeka ing sandhuwure tlaga Madirda, Bathara Guru weruh pupune Dewi Anjani, Wusanane tuwuh greget birahine Bathara Guru kang ndadekake tibane kamane Bathara Guru ing sandhuwure godhong kamal utawa godhong asem.
Godhong asem kang ketiban kamane Bathara Guru iku keli lan dijupuk dening Dewi Anjani kang tapa matirta ing tlaga iku. Dening Dewi Anjani, godhong asem iku dipangan nganti entek.
Kedadeyan iku ndadekake Dewi Anjani nggarbini. Resi Gotama kang dumunung ing pertapan Grestina kaget banget weruh kahanane Dewi Anjani kang dumadakan ngandhut jabang bayi iku, kamangka durung tau sesambungan kalawan priya ngendi wae.
Resi Gotama kang bingung banget iku wusanane ditemoni dening Sanghyang Bayu lan njlentrehake larah-larahe sang Dewi Anjani dumadakan ngandhut jabang bayi. Bathara Bayu ngucap janji bakal nggulawentah putrane Anjani yen wus lair lan bakal paring busana kadewatan marang bayi putrane Anjani iku.
Sawise Dewi Anjani nglairake bayi kang awujud wanara putih, bayi iku banjur digendhong lan digulawentah dening Sanghyang Bayu. Bayi iku banjur diparingi jeneng Maruti, tegese putra siswane Bayu. Dene Bathara Guru paring jeneng Anoman.
Dene mula bukane Bima putrane Kunthi dadi putra siswane Hyang Bayu kawiwitan nalika Dewi Kunthi, prameswarine Prabu Pandudewanata nglairake bayi bungkus kang sabanjure diguwang ing alas Mandalasara.
Sanghyang Bayu banjur ngirimake busana bayi ing sanjerone bungkus kang arupa pupuk mas rineka jaroting asem, sumping pudhak sinumpet, anting panunggul warih, sangsangan naga banda, kelat bahu balibar manggis, gelang candra kirana, kampuh poleng bang bintulu, paningset cinde bara binelah lan porong dapur nagaraja.
Tekan titiwancine bayi Bratasena metu saka bungkuse lumantar polahe gajah aran Dwipangga Sena. Gajah saka alas iku mecah bungkuse bayi lan Raden Bratasena metu ing wujud dewasa. Putrane Pandhu iku banjur diangkat dadi putra siswane Sanghyang Bayu.
Nalika Bima antuk jejibahan ngupadi kayu gung susuhing angin amarga panjaluke Resi Durna, dheweke munggah tekan pucuking gunung Reksamuka lan ketemu kalawan raseksa kembar aran Rukmuka lan Rukmakala.
Raseksa loro iku sejatine Sanghyang Indra lan Sanghyang Bayu kang arep paring benara ali-ali Druendra marang Arya Bima, mesthi wae kanthi sarana paprangan luwih dhisik. Kedadeyan paringang ali-ali Druendra iki dicritakake ing lakon Bratasena Meguru utawa lakon Dewa Ruci riptane Sunan Kalijaga.
 
  3.  Batara Guru
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing jagad pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhaludhal. Dheweke duwe sedulur telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang Caturwarna.
Bathara Narada duwe sisihan aran Dewi Wiyodi. Ing palakramane kalawan Dewi Wiyodi iku, Narada peputra Dewi Kanekawati kang sabanjure kapasrahake marang Resi Seta putrane Prabu Matswapati, raja ing nagara Wirata. Saliyane Dewi Kanekawati, Narada uga peputra Bathara Malangdewa.
Bathara Narada iku disuyudi dening sapa wae kang srawung kalawan dheweke. Iku amarga Narada iku watake grapyak semanak. Narada uga kondhang alim, pinter ing maneka warna ilmu, jujur, atine resik, pikirane lantip, seneng gegojegan, prigel olah kaprajuritan ananging uga temen-temen mandhita saengga antuk jejuluk resi. Saliyane iku praupane Narada uga bagus.
Ing sawijining wektu nalika Narada mbangun tapa ing sandhuwure banyu samodra, tangane nggegem sawijining cupu aran Linggamanik. Nalika iku Narada mertapa kanthi pangajab antuk kasekten lan kawibawan kang luwih.
Patrape Narada iku kaweruhan dening Sang Hyang Manikmaya kang sabanjure tumeka ing papan mertapane Narada. Sawise sapatemon, kalorone banjur andon wasis maneka ilmu, ananging Sanghyang Manikmaya ora bisa ngasorake. Kalorone banjur prang tandhing adu kekuwatan lan kasekten.
Wusanane Sanghyang Kanekaputra bisa diasorake dening Manikmaya kanthi sarana aji Kemayam saengga Kanekaputra malih rupa dadi cendhek awake lan ala praupane Wiwit kedadeyan iku Sang Hyang Kanekaputra antuk sesebutan Narada. Sabanjure sinengkakake minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya.
Kabeh Dewa lan Dewaputra suyud lan manut marang Narada karana kalantipan lan kapinterane. Malah Sang Hyang Manikmaya dhewe tansah antuk pituduh lan pamrayoga saka Narada. Tanpa Narada ing Suralaya, Ngarcapada bakal tansah kisruh.
Kacihna akeh prekara kanggo ngatur Tribuwana lan racake uga angel ngudhari maneka prekara iku, Bathara Narada tansah seneng atine ngadhepi maneka prekara iku lan tansah kasil antuk dalan kanggo ngrampungi. Narada tansah bisa ngrampungi maneka prekara kanthi pratitis.
Dening Batara Guru, Narada asring sinebut ”kakang”. Mula bukane nalika andon wasis maneka rupa ngelmu, Bathara Guru tansah kalah saengga nuwuhake rasa nesu marang Narada lan banjur nyepatani Narada.
Ananging karana Narada duwe ngelmu kang luwih dhuwur, dheweke banjur sinengkakake minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya lan dianggep luwih tuwa. Wiwit iku Sang Hyang Manikmaya utawa Bathara Guru tansah nyeluk Narada kanthi sesebutan ”Kakang Narada”.
Ing crita liyane, nalika Bathara Narada sapatemon kalawan Bathara Guru, Narada diece dening Bathara Guru kanthi ukara yen Bathara Narada iku tangane papat. Nalika mertapa ing sandhuwure banyu samodra iku, Narada nganggo klambi ananging tangane sing loro ora dilebokake ing lengene klambi, saengga katon kaya-laya tangane papat. Saka pangecene Bathara Guru marang Narada iku malah Bathara Guru dhewe kang kena sepata, saengga tangane dadi papat.
Batara Guru adalah nama lain Siwa.
Selain dikenal dalam kisah wayang, nama Batara Guru juga dikenal dalam mitologi Batak sebagai dewa yang tinggal di Banua Ginjang.


Sumber : http://wayang.wordpress.com/2010/03/06/bathara-brahma-nurunake-raja-raja-ing-arcapada/



yang mampumenggambarkan kehidupan gw cuma puisi nya chairil anwar Aku (Chairil Anwar) Kalau sampai waktuku ‘Ku mau tak seorang ‘kan merayu Tidak juga kau Tak perlu sedu sedan itu Aku ini binatang jalang Dari kumpulannya terbuang Biar peluru menembus kulitku Aku tetap meradang menerjang Luka dan bisa kubawa berlari Berlari Hingga hilang pedih peri Dan aku akan lebih tidak perduli Aku mau hidup seribu tahun lagi

Share this

Related Posts

Previous
Next Post »

1 komentar:

komentar